Arsip Blog

Inyong Wong Banjarnegara Bae

IMG0050BUrip nang Kabupaten Banjarnegara akeh pengalaman sing tak alami sekang inyong lair nganti siki. Pengalame sing ora kepenak, sing mandang kepenak utawane sing kepenak banget. Kadang wong luar Banjarnegara ndeleng Mbanjar (Banjarnegara maksute) kuwe rasane urip nang Mbanjar kepenak tur adem ayem ora ana kedaden sing marakaken ora tentreme urip.

Daerah Mbanjar bisa di omongaken daerah sing rawan bencana alam sebabe geografise berbukit-bukit di tambah daerah curah udane duwur banget. Mulane nek krungu kabar sekang Mbanjar mesti kabar bencana alam. Contone kabar longsor Sijeruk, gas beracun, Gunung dieng lan liya-liyane. Mulane kuwe Mbanjar daerah potensi bencana sing luar biasa.

Wongbanjar rata-rata penggaweane sehari-hari paling gede kuwe petani kayadene petani sawah, petani kentang, petani salak. Ngomongnya hasile pertanian Mbanjar lumayan terkenal tinimbang hasil pertanian Kabupaten lia. Kentang wis terkenal mengirimaken nganti berton-ton kanggo daerah luar Mbanjar, trus woh  salak sing gede-gede tur legi banget. Lemah Mbanjar sing subur makmur esih kurang memenuhi kebutuhan pangan kaya beras utawa kebutuhan pokok liane.

Read the rest of this entry